PITEPANGAN

 

ISSN: 2252-4339

Kalawarta Pendhidhikan JEMPARING mujudaken kalawarta abasa Jawi ingkang langkung ngutamakaken segi pendhihikan. Terbitipun kangge sawetawis wekdal taksih setunggal wulan sepindhah. Isinipun cocog kagem para guru, para pangarsa pendhidhikan, para siswa wiwit wonten pawiyatan dhasar ngantos pawiyatan menengah, para mahasiswa Jurusan Basa Jawi saha para sastrawan-budhayan ingkang kagungan kawigatosan ingkang mligi kangge tuwuh ngrembakanipun basa Jawi. Kalawarta Pendhidhikan JEMPARING ngaturaken isi ingkang jangkep wiwit warta-warta ngengingi donyanipun pendhidhikan,crita cekak, crita rakyat, crita wayang, wacan bocah ngantos kaca mligi kagem para siswa kangge gegladhen nyerat guritan utawi gancaran kanthi rubrik" Ajar Ngarang". Pribadhi-pribadhi pinunjul ingkang kagungan prestasi ingkang onjo saha maneka werni seserapan lintunipun.
Kalawarta Pendhidhikan JEMPARING ugi saged kagem papan pategaran tumrapipun para dwija basa Jawi ingkang ngersakaken macak artikel-artikel pendhidhikan laras kaliyan wacana saking pemerintah bilih mbenjang tahun 2013 kagem kenaikan pangkat, para dwija kedah sampun ngasilaken artikel utawi seratan ingkang sampun kapacak wonten ariwarta utawi kalawarta. Mbokbilih kanthi gegladhen wonten Kalawarta Pendhidhikan Jemparing, para dwija saged sangsaya sengkud anggenipun sami nggegulang nyerat wonten media massa. 
VISI
Andadosaken basa Jawa minangka basa sosial kemasyarakatan ingkang langkung memasyarakat lumantar pendhidhikan saengga ing mangkenipun saged muncul generasi-generasi mudha ingkang gadhah wawasan global nanging nggadhahi tata krama lokal kangge mujudaken karakter bangsa ingkang langkung sae.
MISI
1. Kalawarta Pendhidhikan JEMPARING sesarengan kaliyan para pangarsa basa, sastra saha budhaya Jawi nedya nguri-uri basa, sastra saha budhaya Jawi supados saged tetep gesang wonten jam modern punika netepi jejer "nut ing jaman kelaoke" sarta "tuwuh angrembaka" kagem "njunjung drajating bangsa"
2. Kalawarta pendhidhikan JEMPARING sesarengan kaliyan para pangarsa basa, sastra saha budhaya Jawi arsa mujudaken media massa basa Jawa ingkang saged dados sarana nambah seserapan saha gegladhen nyerat kagem para dwija minangka sarana nggayuh profesionalisme guru ingkang langkung murakabi.
3. Kalawarta Pendhidhikan JEMPARING sesarengan kaliyan pangarsa basa, sastra saha budhaya Jawi arsa mujudaken raos manunggal kangge ngrungkebi basa, sastra sarta budhaya Jawi supados karakter lokal Jawi saged tetep dados gondhelan putra wayah kangge macaki pagesangan modern

Search site

KALAWARTA JEMPARING © 2011 All rights reserved.